Kamis, 27 Oktober 2011

sedulur papat, kalimo pancer - menurut kepercayaan jawa

Wedjangan marang sabdhoning Gusti,

nyiptakake djalmo manungso. Ugo marang asal - usule

sedulor papat, kang momong djalmo manungso.

---------------------------------------------------------

Sak durunge bumi sutji kuwi ono kang manggoni, Gusti uwes luweh disek, nggawe ukom kanggone djalmo manungso. Bandjor Gusti, ngetokake kuwasane nggawe sukmo, lan udjute rogo, kang dititesake Gusti, ing bumi sutji, naliko wong wadon kuwi mbobot iseh anyar - anyaran. Bandjor naliko djabang bayi kuwi umure arep ngantjek sesasi: Gusti ngetokake kuwasane nggawe udjute rupo, marang djabang bayi kuwi, kang artine bongoso. 2. Bandjor naliko umure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor rong sasi: Gusti ngetokake kuwasane nggawe udjute: Werno.] 3. Bandjor naliko umure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor telong sasi: Gusti ngetokake kuwasane nggawe udjute: Kulet.] 4. Bandjor naliko umure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor patang sasi: Gusti ngetokake kuwasane nggawe udjute: Uthek.] 5. Bandjor naliko umure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor limang sasi: Gusti ngetokake kuwasane nggawe udjute: Otot. ] 6. Bandjor naliko umure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor enem sasi: Gusti ngetokake kuwasane nggawe udjute: Balong.] 7. Bandjor naliko umure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor pitong sasi: Gusti ngetokake kuwasane nggawe udjute: Rambot, geteh, lan dageng. Lan iki kang disebot sempurnane Gusti, nyiptakake djalmo manungso, deneng udjute djabang bayi kuwi uwes sempurno. Amergo kuwi, kanggone djalmo manungso kang uwes luweh disek teko ing bumi mulyo iki, kang Gusti suwon: Mator nuwono, marang Gusti kang moho kuwoso, deneng udjute djabang bayi, kang ditjiptakake Gusti ing bumi sutji kuwi, uwes sempurno. Lan sirnakake bebayan kanggone djabang bayi kuwi, supoyo yen djabang bayi kuwi utjol soko bumi sutji, ora nandang kasengsaran, amergo sengkalane setan. Bandjor dusono bopo lan biyunge djabang bayi kuwi, karo dungo keslametan: 8. Bandjor naliko umure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor wolong sasi: Gusti ngetokake kuwasane, nggawe asal - usule sedulor papat ugo artine sedulor papat:

1. Geteh puteh. artine: [ welas asih ]

2. Bungkos. artine: [ kang nggawe kekuatan ]

3. Ari - ari. artine: [ kang ndjogo sukmo ]

4. Geteh abang. artine: [kang nglawan bebayan]



Bandjor sak teruse, Gusti ngetokake kuwasane nggawe, djenenge sedulor papat kang sedjati. Kang manggon ono ing ragane djabang bayi, kang udjute koyo mengkene:

1. Djoborolo. manggon ono ing [ kulite djabang bayi ]

2. Mokoholo. manggon ono ing [ balunge djabang bayi ]

3. Hosoropolo. manggon ono ing [ nyawane djabang bayi ]

4. Hodjorolo. manggon ono ing [ daginge djabang bayi ]



Bandjor naliko umure djabang bayi kuwi, arep ngantjek umor sangang sasi: Gusti ngetokake kuwasane, nggawe roso kanggone djabang bayi kuwi, kang udjute koyo mengkene:

1. Budi. ing ndjerone budi ono, [ pikiran.]

2. Roso. ing ndjerone roso ono, [ sukmo.]

3. Pikiran. ing ndjerone pikiran ono, [ roso.]

4. Kahuripan. ing ndjerone kahuripan ono, [ Ingsoen.]



Jo Ingsoen sedjatine manungso, kang ditjiptakake Gusti, kang moho sutji, kang nggowo kasempurnane Gusti: Moho kuwoso Gusti, engkang pareng kasempurnane djabang bayi, ing bumi mulyo meniko, sangkeng kuwoso pandjenengan. Bandjor utjol sabdhoning Gusti kanggone Ingsoen, ninggalake bumi sutji. Utjol soko dalan kang tjilek, bebarengan sempurno marang udjute sedulor papat kang moho sutji: Duh Gusti kang moho sutji, kok kados makaten bumi mulyo puniko. Kabeh mahu uwes sempurno marang opo kang tinitah Gusti, kanggone djalmo manungso. Lan siro, djalmo manungso ora perlu wedi, marang kahuripan ing bumi mulyo iki. Awet kahuripan siro ing bumi mulyo kene ora idjen ketjobo nggowo kuwasane Gusti. Ugo siro ditunggu sedulor papat kang asmone, Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo, rino klawan wengi kang dadi utusane Gusti. Amergo kuwi ngelingono marang sabdhoning Hosoropolo, kang diutos Gusti pareng warto kanggone siro bongoso Djowo. Supoyo siro biso mangerteni, lan ngelingi marang dino kang dadi pengapesane siro, sak mbendinane, ing dino kemis mbengi lan minggu mbengi. Awet ing dino kuwi, sengkalane siro teko, soko smoro bumo, kang ndadegake, kahuripane siro ing bebayan, yen siro nglalekake marang udjute abang lan puteh. Amergo kuwi, ngelingono marang udjute siro, supoyo siro biso nduweni kasempurnan marang kahuripane siro kang ditunggu sedulor papat ing bumi mulyo iki.





( 1 )



Wedjangan marang sabdhoning Gusti kang gaib

kanggone Ingsoen, ing bumi sutji.

Kang ditules Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo.

------------------------------------------------------------------------

Sak durunge benihe Ingsoen kuwi ono, Gusti kang luweh disek nggawe ukom kanggone Ingsoen, bandjor sukmo kang iseh durong ono isine ing bumi sutji. Ketjobo kang luweh disek teko, asmone, Ingsoen ing bumi sutji, ora ono Gusti ketjobo Ingsoen. Lan benihe Ingsoen kang moho sutji, kang ditjiptakake Gusti, ndadegake sipate Ingsoen sutji, ono ing asmone Ingsoen.



( 2 )



Wedjangan marang sabdhoning Gusti,

ndadegake benihe Ingsoen ing bumi sutji.

-------------------------------------------------

Ingsoen benih kang moho sutji, kang biso nggawe sak widjine kedadian, ugo Ingsoen biso ngentekake opo kang dadi kekarepane Ingsoen. Awet Ingsoen nduweni kasempurnan kang manggon ono ing ragane Ingsoen, kang diparengake Gusti. Lan iki tondo, kang kasunyatan marang asal - usule Ingsoen. Luweh, luweh Ingsoen iki rasane manungso kang ditjiptakake Gusti, kang tekane soko: (1. Lemah.) ( 2. Geni.) ( 3. Banyu.) ( 4. Angin.) Bandjor teko rasane Ingsoen kang lima jo kuwi: ( l. Tjahyo.) ( 2. Roso.) (3. Sukmo.) (4. Angkoro murko.) ( 5. Budi.) semono, ugo budi kuwi tali rupane Ingsoen, kang moho sutji, tan keno, reget kanggo sak lawase.



( 3 )

Wedjangan marang sabdhoning Gusti,

supoyo Ingsoen biso, nglebor marang kesalahane.

-----------------------------------------------------------

Ingsoen nduweni kesalahan, marang ragane Ingsoen, kang moho sutji, kang ditjiptakake Gusti. Awet Ingsoen tansah nglalekake, marang asal - usol Ingsoen, kang tekane soko Gusti. Bandjor reget kuwi teko, ngrusak kahuripane Ingsoen, kanggo sak mbendinane. Lan akhire Ingsoen nduweni roso ngapusi, angkoro murko, lali, kang tekane amergo kesalahane Ingsoen dewe. Sebab Ingsoen uwes ora tahu maneh mangerteni, marang kasempurnane Ingsoen kang diparingi Gusti, ugo marang sedulor papat kang momong Ingsoen, rino klawan wengi Dungo: ( Gusti kang moho



pangaksumo, kang kuwoso pareng kasempurnan marang Ingsoen. Ingsoen nglebor marang kesalahane Ingsoen, ugo marang dusane Ingsoen kang nggawe, sengsarane kahuripane Ingsoen. Sirno bebayan soko, kuwasane Gusti kang moho pangaksumo, sirno bebayan kanggo sak lawase. Ingsoen sempurnakake udjute Ingsoen, kang mahune sirno. Slamet sempurno marang udjute Ingsoen kang moho sutji soko kuwasane Gusti.)



( 4 )



Wedjangan marang sabdhoning Gusti,

supoyo Ingsoen biso nglebor kesalahane

marang sedulor papat, kang momong Ingsoen

------------------------------------------------------

Ingsoen nglebor dusane Ingsoen, marang sedulor Ingsoen kang papat: Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo, kang ndjogo Ingsoen rino klawan wengi. Kakang kawah adi Ingsoen si ari - ari, pusating kabeh sedulor Ingsoen, kang ndjogo Ingsoen ono ing djagate Gusti, kang gaib. Kang metu bebarengan sempurno, marang udjute Ingsoen kang pantjer, kang tinitah Gusti. Dungo: Gusti engkang welas asih lan moho pangaksumo, sirnakake bebayan, kang ono ing ragane Ingsoen, ugo sirnakake kabeh kesalahane Ingsoen, marang sedulor Ingsoen kang papat. Slamet soko kuwasane Gusti, ugo slamet marang kahanane Ingsoen, kang sedjati, kanggo sak lawase.



( 5 )



Wedjangan marang sabdhoning Gusti,

ngawenake sukmo lan ragane Ingsoen.

----------------------------------------------

Gusti kang moho kuwoso, kang ngawenake sukmane Ingsoen, karo ragane Ingsoen, lan pengulune poro Midodari. Bandjor disaksekake, sedulor Ingsoen kang papat, kang asmone: Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, lan Hodjorolo, kang mangku roso, ugo kang pareng tjahyo kahuripane Ingsoen. Bandjor Gusti maringi kuwasane, marang sedulor Ingsoen kang papat kang diutos Gusti, ndjogo, kahuripane Ingsoen ing bumi mulyo kene, supoyo Ingsoen biso nduweni kahuripan kang sempurno:

1. Djoborolo. kang maringi pangomongan marang Ingsoen.

2. Mokoholo. kang maringi roso marang Ingsoen.

3. Hosoropolo. kang maringi pangelingan marang Ingsoen.

4. Hodjorolo. kang maringi wisikhan marang Ingsoen.

Bandjor Ingsoen nebusi mas kawine Ingsoen, sukmo lan ragane Ingsoen marang Gusti, jo kuwi kasempurnan kang ono ing kuwasane Ingsoen kang sidji: Joho Gosoto. Joho Djoborolo. Joho Mokoholo. Joho Hosoropolo. Joho Hodjorolo. Joho Hongosono.

Tidak ada komentar: